Basa Jawa

 Basa Jawa

Crita Rakyat. 


Catetan. 

Tulisen ing buku tulis. 

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ana satengahing masyarakat. 


Unsur Crita Rakyat:

1. Tema, yaiku idhe pokok utawa underane prakara sing dadi dhasar dumadine crita.

2. Latar, yaiku andharan babagan papan, wektu, lan kahanan sajrone crita.

3. Alur, yaiku rerangkening utawa urut-urutaning prastawa sajrone critta. Umume crita rakyat gunakan alur maju.

4. Paraga, yaiku pawongan sajrone crita. 

5. Pesen moral utawa amanat, yaiku pitutur luhur kang bisa kapethik saka crita sing diwaca utawa sing dirungu.


Jinise Crita Rakyat

1. Legendha, yaiku crita ngenani asal-usul dumadine sawijine papan panggonan.

    Tuladha: "Asal-Usul Kutha Surabaya", "Dumadine Kutha Kudus."

2. Fabel, yaiku crita babagan kewan kang solah bawane kayadene manungsa.

    Tuladha: "Kancil lan Baya", "Baya lan Bantheng."

3. Mitos, yaiku crita ngenani bab - babkang dianggep mistis. 

    Tuladha:"Nyai Roro Kidul."

4. Sage, yaiku crita bab lelakon utawa perjuwangane tokoh kang ana gayutane karo sejarah tartamtu.

    Tuladha:"Jaka Tingkir", "Roro Jonggrang".



TUGAS

Goleko sawijining crita rakyat seng wes kok pahami, banjur critakna kanthi lisan, banjur divideo.

Komentar

  1. Maaf bu sebelumnya. Ini kalo ada tugas mohon jangan pakai yang model video njih... Maaff

    BalasHapus

Posting Komentar