BASA JAWA

Geguritan Geguritan yaiku puisi kang ditulis nganggo basa Jawa. Geguritan biasane nduweni isi kang bisa kanggo tuladhaning urip. Tuladha geguritan Dadi Bocah kang Lantip Becike dadi bocah iku kang sregep lan lantip Pinter anggawe samubarang kang migunani Pring bisa dadi wakul Sepet bisa dadi keset Wulu bisa dadi sulak Kapuak bisa dadi benang Lempung bisa dadi pot Prayogane wiwit cilik tu tuladha babagan panggaee kerajinan Kanggo sangu urip ing tembe mburi Dadi bocah kang ora seneng ing alembana Nora seneng tumindak kang sembrana Ben eurip ing tembe Bisa migunani marang sapadha - padha Isine geguritan kasebut yaiku dene dadi bocah kui kudu sregep lan kreatif supaya dadi bocah kang migunani.

Komentar